Wednesday, October 28, 2009

Jane Aku iki Yo Iso To ????

Aku jeh eling, naliko iku aku seh cilik. isih kelas 3 sd kiro-kiro. Bapakku guru, ibuku yo guru. Mulo dhisik aku yo duwe gegayuhan pengen dadi guru nek wis gede. Moso ku cilik ketoke nyenengke banget, dolanan karo konco-konco neng sawah, ngetuti traktor golek welut, kadang-kadang mbongkari tegalan golek jangkrik genggong yen wes musime. Nanging angel kanggo nemu jangkrik genggong, asringe mung nrimo najan entuke liring seng penting rak yo ono suarane kriiiiiiikkk.. krikkkk koyo ngono, najano ora sebanter ngerike genggong.

Yen wayah panen tebu, aku lan bolo bolo sering oyak-oyakan karo pak mandor, siji mlayu ngulon, siji mlayu ngtetan siji ngidol si jine nangis depipis wekekekekeke, nganti mandore bingung dene bocah arep diseneni malah ndomprok kepuyuh karo nangis nggoro-nggoro wakakakakaka. Yen wes ngono mesti pak mandor bakal aweh tebu sak iket lang ngengkon bocah iku mulih, di cup cup ben ora nangis maneh wikikikikiki :p

Ngobor welut ugo dadi prakawis seng nyenengke kanggo aku, bar isya wes siap-siap nyepakke lampu petromak, ngumpul neng suling sawah, yen wes genep ngumpul, mulai petromak dipadangke lan sikil iki njebur ana swah seng mbih ra tak ngerteni iku sawahe sopo. Mlaku mendolo ileng-ileng mbok menowo ana welut nggletak, Lhadalah malah seng ana oyak oyakan karo ula wekekeke ula kok ora wedi mbek mbocah bocah yo, malah ngoyak lampu senter, hihihi, Cah-cah do krengosan bali neh menyang suling ra sido ngobor welut wekekekekeke Halah.....

Lho jane iki aku yo iso to mosting boso jowo wekekekekeke :) suk suk tak baleni neh ya :p

No comments:

Post a Comment

Trafick Blog Menurun ? Ayo Semangat Ngeblog lagi

Halo kawan kawan semuanya, lama sudah tidak update blog penghasil uang ini, rasanya pengen deh nulis lagi di blog ini, tapi kalau melihat se...