Saturday, November 14, 2009

Jane Aku Iki Ora Iso Bahasa Inggris

Konco-konco kabeh iso nemoni yen neng artikel blog ku iki ana seng nganggo boso inggris, jane aku iki ora iso boso inggris kok, dadi mesti ketoke lucu yen ana wong seng pinter boso inggris ndelok artikelku seng nganggo boso inggris mau, koyoto artikelku seng dak kei judul "Gold Coins Gain", "Ams Fulfillment", lan "Can We Money From the Internet ?" wes bene ae, seng penting neng blog penghasil uang iki ana artikel telong boso, yoiku boso Indonesia, boso Jowo, lan boso Inggris. Najan kanggo artikel boso Inggrise aku mung ngandelke translate online google.

Dadi kanggo konco-konco kabe ki seng pengen mosting artikel boso inggris tapi gak mudeng boso inggris, iso kok di aleh bosoke lewat translate online iku, dadi awake dhewe nggawe artikel boso Indonesia sik, bar iku njur di aleh bosoke neng boso seng dikarepke karo awake dhewe. Nangingo ngono, asile aleh-aleh boso iku ora sempurno 100% yo ana toto boso ne seng kewalik walik utawa kleru, nanging saora-orane yo muni dadi boso Inggris hehehehhee.

Lha nopo ik, kok artikel iki tak posting nganggo boso Jowo ??? Yo iku mau, soale aku jane ra mudeng boso Inggris Hehehehehe.

3 comments:

Trafick Blog Menurun ? Ayo Semangat Ngeblog lagi

Halo kawan kawan semuanya, lama sudah tidak update blog penghasil uang ini, rasanya pengen deh nulis lagi di blog ini, tapi kalau melihat se...